Pasrah Pengantin Putri 2

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين

    وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
    • Dateng poro sesepuh pini sepuh ingkang kulo bekteni
    • Poro alim ulamak ingkang satuhu bagiyo mulyo
    • Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan
    • Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing papan panggenan puniko, wonten ing dalemipun bapak ... ingkang dahat simudarsono 
    Sakderengipun kulo matur wonten ngarsonipun panjenengan sami poro rawuh sedoyo...
    1. Sepindah kito tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring rohmat taufiq soho hidayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo ing saat puniko kito saget pepanggihan wonten dalemipun ... kanti keadaan sehal wal afiyat boten wonten alangan rubedo punopo".
    2. Sholawat sarto salam mugi kunjuk wonten junjungan kito nabi agung nabi Muhammad SAW ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafaatipun wonten ing yaumil akhir.
    Poro rawuh sedoyo ingkang kulo mulyaaken. Ing priki kulo piniji saking Bapak Khamdani, gadeng Bapak Khmadani mboten saget ngayahi piyambak pramilo ing wekdal meniko kulo kapareng mewakili dumateng Bapak Khamdani 
    wosinggati saking panjenenganipun Bapak Khamdani kulo saperlu kajibah spindah ngaturi salam ta'lim dumateng poro rawuh sedoyo ing wekdal puniko

    Sak lajengipun saking panjenengan Bapak Khamdani bilih ing wekdal puniko Bapak Khamdani soho ibu ... (besan) sampun ngawonaken parambakan ing wosipun dinten meniko ... putri saking Bapak khamdani sampun kaijabaken kalih putro kakung saking panjenanganipun Ibu.... Putro kekalih sampun diijabakaen tanggal 24 September jam 08 .00 menurut agami islam. 

    Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati, kulo minongko wakil saking Bapak Khamdani ing priki kulo bade masrahaken putranipun putri ingkang asmo.... mugiyo mangke saget karengkuh kados putranipun piyambak senajanto maniko putra wantu. 

    Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati kados ingkang kulo aturaken dumateng ngarso panjenengan sami kulo saking keluarga pengantin ... nyuwun aguning pangapunten ingkang mawantu wantu. 
    Cekap semanten akhir kalam ...
    وبالله توفق والهذية 
    والسلام عليكم ورحمة الله  وبركاته 
     

    Post a Comment

    Previous Post Next Post

    Iklan 4

    Iklan 5

    Contact Form