السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي
QS. Al Ahzab 33 : 56Qs. Thoha 20 : 25 sd 28
- Dumateng Al-Mukarrom Al-Ustadz KH. Arsyad Muhammadun saking tlatah Tambaharjo ingkang kito tenggo-tenggo fatwanipun
- Dumateng Al-Ustadz KH. Muhammad Amiruddin, Lc, M.A. (Master of Arts) pengasuh majlis ta'lim wa dzikkir Darussalam ingkang tansah kaulo lan panjenengan tenggo-tenggo wejangan uga berkah ilmunipun
- Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kulo hormati
- Poro alim ulamak, poro kiyai ingkang kulo bekteni,
- Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan
- Boten kesuopen Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing majlis maulid puniko, ingkang kaulo hormati lan berbahagia.
1. Sepindah, monggo kito sami ngaturaken raos syukur dumateng ngarso dalemipun Allah SWT kanti waosan Alhamdulillahirobbil alamiin, keranten kanti rohmat, nikmat soho kawelasanipun kita sedaya kito saged pinanggih manunggal wonten ing majlis ingkang insyaAllah mubarrok menika, saperlu memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW 1446 H, kanti keadaan sehat wal afiyat.
2. Ingkang Kaping kalih Sholawat soho salam mugi tetep kunjug dateng junjungan kito nabi agung Nabi Muhammad rosulillah SAW, ingkang tansah kito tenggo syafaatipun, lang mugi" kito sedoyo kalebet ummatipun ingkang angsal safatul udzma sakmangke wonten yaumil kiyamah. Aamin-aamin ya robbal alamien.
Kulo teng priki minongko pranoto acoro, bade maosaken susunan adicoro ing wedal dalu puniko.
- Adicoro ingkang sepindah pembikaan.
- Adicoro ingkang nomor kalih waosan ayat suci Al Qur'an.
- Adicoro ingkang nomor tigo sambutan saking pengasuh majlis ta'lim wa dzikkir darussalam, dusun Wonorejo Grobog.
- Adicoro ingkang nomor sekawan pembacaan maulid simtud durror
- Adicoro ingkang nomor gangsal mauidzoh khasanah.
- Adicoro ingkang pungkasan penutup.
Mekaten susunan adicoro ing wedal dalu puniko.
Dumawah adicoro ingkang pungkasan inggih puniko penutup, monggo acara kito tutup kanti waosan hamdalah sareng" ...."Alhamdulillahirobbil aalamii" .... Akhir kalam
وبالله توفق والهذية
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته