السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي
QS. Al Ahzab 33 : 56Qs. Thoha 20 : 25 sd 28
- Dumateng Al-Mukarrom Habib Ali Zainal Abidin saking Tlatah Jepara ingkang kaulo mulyoakaen.
- Dumateng Al Mukarrom Al-Ustadz KH. Musthofa Ubaidillah saking Tlatah Sukolillo ingkag tansah kito tenggo" fatwaipun.
- Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kulo hormati
- Poro alim ulamak, poro kiyai ingkang kaulo bekteni,
- Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan
- Boten kesuopen Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing majlis Ta'lim soho Majlis Sholawat puniko, ingkang kaulo hormati lan berbahagia.
Kawulo pinongko wakil saking shohibul bait, mewakili Bapak Kunoto Sekeluargo sepindah ngaturaken sugeng rawuh ahlan wasahlah lan ngaturaken matursuwun ingkang sanget katahipun, dumateng rawuhipun panjenengan sendoyo wonten ing majlis sholawat lan majlis ta'lim ndalu punika, derek sareng" dedungo mugi" arwah mbah Jumi lan Mbah Markam dipun magfiroh sedoyo kelepatanipun lan dipun tampi sedoyo amal ibadah lan amal saenipun aamiin-aaminn ya robbal alamien. Lan mugi-mugi tindak panjenengan saking ndalem menika kalebet amal sae lan pikantuk ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. aamiin" ya robbal aalamiin.
Ingkang kaping kalih kaulo mewakili shohibul bait ngaturaken matursuwung ingkang sanget dumateng segenap panitia, ingkang sampun derek biyantu baik moril, materiil maupun spiritual kangge ngawujudaken susksesipun acoro pengaosan wonten ndalu puniko, mugi bantuan panjengan sedoyo kalebet amal sae lan pikantuk piwales saking gusti Allah kanti balasan imgkang langkung luwih sae
جَزَاكَ اللهُ خَيْرًا كَثِيْرًا
Ingkang sak lajengipun mbok bilih shohibul bait anggenipun nyediaken papan lan pasuguhan kirang ngreseppekae ing manah panjenengan sedoyo kulo minangkani wakil saking shohibul bait nyuwun agunging samudro pangaksomo.
Mekaten ingkang saget kulo aturaken, mbok menawi wonten klinta klintunipun aggening kulo matur, kulo nyuwun agungeng samudra pangaksami
وبالله توفق والهذية
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته