Sambutan Panitia Soho Takmir Masjid

  السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي
QS. Al Ahzab 33 : 56
Qs. Thoha 20 : 25 sd 28
  • Dumateng Al-Mukarrom Habib Rifqi Bin Umar Al Aidid saking Tlatah  ingkang kaulo mulyoakaen.
  • Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kulo hormati
  • Poro alim ulamak, poro kiyai ingkang kaulo bekteni,
  • Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan 
  • Boten kesuopen Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing majlis Ta'lim soho Majlis Sholawat  puniko, ingkang kaulo hormati lan berbahagia.  
1. Sepindah, monggo kito sami ngaturaken raos syukur dumateng ngarso dalemipun Allah SWT kanti waosan Alhamdulillahirobbil alamiin, keranten kanti rohmat, nikmat soho kawelasanipun kita sedaya kito saged pinanggih manunggal wonten  halaman Masjid Sa'adatul Muttaqin saperlu memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW 1446 H, Kanti boten wonten alangan satunggal punopo.
2. Ingkang Kaping kalih Sholawat soho salam mugi tetep kunjug dateng junjungan kito nabi agung Muhammad rosulillah SAW, ingkang tansah kito tenggo syafaatipun, lang mugi" kito sedoyo kalebet ummatipun ingkang angsal safatul udzma sakmangke wonten yaumil kiyamah. Aamin-aamin ya robbal alamien.

Kawulo pinongko wakil saking segenap panitia, sepindah ngaturaken sugeng rawuh ahlan wasahlan bihudurikum, lan ngaturaken matursuwun ingkang sanget katahipun, dumateng rawuhipun panjenengan sendoyo wonten ing majlis sholawat punika, Lan mugi-mugi tindak panjenengan saking ndalem menika kalebet amal sae lan pikantuk ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. aamiin" ya robbal aalamiin.

Ingkang kaping kalih kaulo mewakili Takmir masjid ngaturaken matursuwung ingkang sanget dumateng segenap warga, ingkang sampun derek biyantu baik bantuan materi moril, materiil maupun spiritual kangge ngawujudaken susksesipun acoro sholawatan dalam rangka peringatan maulid nabi wonten ndalu puniko, mugi bantuan panjengan sedoyo kalebet amal sae lan pikantuk piwales saking gusti Allah kanti balasan imgkang langkung luwih sae
جَزَاكَ اللهُ خَيْرًا كَثِيْرًا

Ingkang sak lajengipun mbok bilih panitia anggenipun nyediaken papan lan pasuguhan kirang ngreseppekae ing manah panjenengan sedoyo kulo minangkani wakil sakingsoho ta'mir nyuwun agunging samudro pangaksami.

Mekaten ingkang saget kulo aturaken, mbok menawi wonten klinta klintunipun aggening kulo matur, kulo nyuwun agungeng samudra pangaksami


وبالله توفق والهذية
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Post a Comment

Previous Post Next Post

Iklan 4

Iklan 5

Contact Form