السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي
Dumateng Bapak Imam Mukhtar selaku kepala madarasah ingkang kulo hormati
Dumateng Bapak/Ibu guru soho karyawan ingkang kaulo hormati ugi.
Boten kesuopen dumateng rencang" senasib seperjuangan ingkang kulo tresnani lan kulo banggaaken.
1. Sepindah, monggo kito sami ngaturaken raos syukur dumateng ngarso dalemipun Allah SWT kanti waosan Alhamdulillahirobbil alamiin, keranten kanti rohmat, nikmat soho kawelasanipun kita sedaya kito saged pinanggih manunggal wonten ing majlis ingkang insyaAllah mubarrok menika.
2. Ingkang Kaping kalih Sholawat soho salam mugi tetep kunjug dateng junjungan kito nabi agung Nabi Muhammad rosulillah SAW, ingkang tansah kito tenggo syafaatipun, lang mugi" kito sedoyo kalebet ummatipun ingkang angsal safatul udzma sakmangke wonten yaumil kiyamah. Aamin-aamin ya robbal alamien.
Kulo teng priki minongko pranoto acoro, bade maosaken susunan adicoro ing wedal puniko.
- Adicoro ingkang sepindah pembikaan.
- Adicoro ingkang nomor kalih waosan ayat suci Al Qur'an.
- Adicoro ingkang nomor tigo sambutan sambutan.
- Adicoro ingkang nomor sekawan latihan berpidato
- Adicoro ingkang nomor gangsal evaluasi saking Bapak Imam Mukhtar
- Adicoro ingkang pungkasan penutup.
Mekaten susunan adicoro ing wedal dalu puniko.
Dumawah adicoro ingkang pungkasan inggih puniko penutup, monggo acara kito tutup kanti waosan hamdalah sareng" ...."Alhamdulillahirobbil aalamii" .... Akhir kalam
وبالله توفق والهذية
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته