Nandukke Sewu Dinane

 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين


Dumateng Porosesepuh pinisepuh, khususon bapak /ibu .... shohibul hajah ingkang kaulo hormati, boten kesupen segenap warga ingkang sami rawuh netetepi undangannipen ibu titemit kusniati wonten wedal dalu puniko. 
Kepareng matur wonten ngarsanioun panjenengan sedoyo, bilih wonten ing wedal dalu puniko kulo dipun resoyo nglahiraken punopo ingkang dados hajatiun ibu Titemit ...

Hajat ingkang sepisan Ashabul hajah ibu titemit niat ngaosaken puji dalah syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, awit saking sih kawelasanipun Allah SWT sampun paring pinten-pinten kenikmatan, utaminipun nikmat iman lan islam. Mugi-mugi kanti raos syukur kolo wau, Allah SWT tansah paring tambah sedoyo kenikmatanipun dumateng shohibul hajat lan lumeber dumateng kito sedoyo ikang wonten majlis meniko.

Hajat ingkang kaping kalih, ashabul hajah ibu titemit... niat kintun sholawat dalah salam dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW sumambrah dateng sedoyo keluarga lan sahabatipun, biqaulina اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
ing pangajab mugi" Ashabul hajah dalah sak keluarganipun lan kito sedoyo tansah pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW minaddunya hatta akhirot Aamiim - aamiin ya robbal Aalamiin.

Hajat Ingkang kaping tigo utaminipun hajat, wonten ing wekdal Dalu puniko, ash habul Hajah ibu titemit ..... kintun Do'a Pangestu dumateng ruh ipun bapak..... Bin....
- Ingkang Dalu puniko dipun pengeti sewu dintennIpun anggenipun sowan wonten ngarso dalem Alloh SWT.
Ing pangajab mugio sedoyo arwah ingkang kasebat wonten ing ngajeng kolo wau tansah dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun, dipun ngapunten sedoyo kalepatanipun, tansah dipun paringi jembar kuburipun,Padang lampahipun, tansah dipun golonganken tiyang ingkang sami'' Husnul khotimah,ingkang tembenipun Mugi tansah dipun lebetaken suwarganipun Alloh SWT... aamiin ya rabbal aalamiin...

#Minangkani punopo ingkang dados hajatipun ibu titemit kolo wau. Ash habul hajat nyuwun ikhlasipun panjenengan sami'' dedungo kanti wasilah waosan tahlil ingkang ganjaranipun kahadiahaken dumateng arwahipun bapak .... lan lumeber dumateng sederek kito sedoyo ingkang sampun sumare wonten ngarso dalemipun Allah SWT

( Dilanjutkan Hadroh dan tahlil )

Post a Comment

Previous Post Next Post

Iklan 4

Iklan 5

Contact Form