السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
- وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
- Dateng poro sesepuh pini sepuh ingkang kulo bekteni
- Poro alim ulamak ingkang satuhu bagiyo mulyo
- Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan
- Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing papan panggenan puniko, wonten ing dalemipun bapak ... ingkang dahat simudarsono
1. Raos syukur Alhamdulillah ing ngarsonipun gusti Allah kang moho wikan (mengetahui). Awit kulo dalah panjenengan sedoyo saget kempal manunggal kanti kebak rahajan, kabagian lan kabagaswarasan.
2. Sholawat sarto salam mugi tetep kunjug dateng kanjeng Nabi Muhammad rosulillah SAW kanti ucapan
اللهم صلى على سيدنا محمد وعلى أل سيدنا محمد
3. Nyuwung agunging samudra pangaksomo, kulo bade gempil kamardikan panjenengan sedoyo, awit kulo ngadek teng priki kapatah dados talanging atur bapak ... saperlu klarapaken temantin kekalih saking dalemipun ibu .... dusun .... tumuju dalemipun ... bapak ... dusun... kriki. Milo menawi wonten rombongan kulo ingkang boten sopan, kirang trapsilo kulo ingkang nyalirani nyuwung agunging samudro pangaksomo.
4. Saklajengipun kulo ngaturaken salam ta'lim salam pamuji rahayu dateng bopo ... sak keluargo, awit kulo dalah rombongan pun arui pun suguhi kanti sekeco, kanti kremennaken ing penggalih,
5. Saklajengipun lare/adik kulo puniko tasih timur, tasih cubluk babakan umah", katingal gih sampun dewoso katingal pinter lantip babakan luru duit nangi yen babakan kaluargo, babakan tetonggo niko kirang pono, milo kulo nyuwun tulung dateng bopo ... purun gulo wentah kanti sae
5. Dateng temanten kekalih mas... mbak... kulo pesen seng podo rukun, ampun cokrah menawi wonten rubido, wonten sukerto dirampungi kanti sae kanti ademe pikir, yen urip tetonggo kedah srawung, supados sakmangke manggihi kamulyan.
Mekaten ingkang saget kulo aturaken kanti sinugrahaning gusti Allah SWT gusti kang moho agung, moho kuoso. Manggih wilujeng, wododo rahayu nir ing beboyo, nir memolo, nir ing sambikolo.
وبالله توفق والهذية
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته