Atur Panampi Pasrah Calon Pinanganten Kakung

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى أله وصحبه اجمعين
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
  • Dateng poro alim poro kiyai ingkang satuhu bagiyo mulyo
  • Poro sesepuh pini sepuh ingkang kulo bekteni (hormati)
  • Poro pangemban dusun dalah perangkatipun ingkang kinurmatan
  • Poro tamu ingkang samiyo rawuh ing papan panggenan puniko, wonten ing dalemipun bapak Khamdani ingkang dahat simudarsono 
Sakderengipun kulo matur wonten ngarsonipun panjenengan sami ...
  1. Sepindah monggo kito sami muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring rohmat taufiq soho hidayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo ing saat puniko kito saget pepanggihan wonten dalemipun... kanti keadaan sehal wal afiyat boten wonten alangan rubedo punopo".
  2. Sholawat sarto salam mugi kunjuk wonten junjungan kito nabi agung Muhammad saw ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafaatipun wonten ing yaumil akhir.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo mulyaaken. Ing priki kulo piniji (mewakili) saking shohibul hajat bapak Kamdani soho Ibu Musti'ah, gadeng shohibul hajat mboten saget ngayahi piyambak pramilo ing wekdal meniko kulo kapurih mewakili panjenenganipun shohibul hajat atawi shohibul bait inggih meniko panjengenipun Bapak Khamdani soho ibu musti'ah.. 
Wosing gati (intine) saking panjenenganipun Bapak Khamdani, kajibah kulo sepindah inggih meniko ngaturi salam ta'lim dumateng poro tamu utawi poro rawuh sedoyo sugeng rawuh ahlan wasahlan bihudurikum. lan kaulo aturaken matursuwun dumateng panjenenganipun Bapak.... ingkang sampun masrahaken pengantin kakung ingkan asmo dimas bagus Bagas Jumito putra saking ibu Halimah saking dusun Sumber kecamatan Tekarang Kab. Sambas Provinsi Kalimantan Barat Indonesia Raya.
Sak lajengipun ingkang nomor kalih  ing wekdal puniko shohibul hajat Bapak Khamdani soho ibu Halimah (besan) sampun ngawonaken parembakan ing wosipun dinten meniko Rabu Roro Ayu Nur Eva Fitriyani putri saking Bapak khamdani sampun kaijabaken kalih putro kakung Dimas Bagus Bagas Jumito putra saking panjenanganipun Ibu Halimah. Putro kekalih sampun diijabakaen  tabuh  08 .00 tanggal 24 (sekawan likur) September warso 2025 menurut agami islam. 

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati, Ingkang nomor tigo, kulo minongko wakil saking shohibul hajat (Bapak Khamdani) ing priki kulo bade nampi putranipun ibu Halimah ingkang asmo Dimas Bagus Bagas Jumito. Mugiyo mangke saget karengkuh kados putranipun piyambak senajanto maniko putra wantu. 

Dateng temanten kekalih  Dimas Bagus Bagas Jumito kalih Roro Ayu Nur Eva Fitriyani kulo pesen seng podo rukun, ampun cokrah (tukaran/tidak rukun) menawi wonten rubido, nek menawi wonten masalah sukerto dirampungi kanti sae kanti ademe pikir, yen urip tetonggo kedah srawung, supados sakmangke manggihi kamulyan. mugiyo dados keluarga ingkang tentrem, ayem, sakinah, mawaddah warohmah.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo mulyaaken ingkang nomor sekawan kulo saking keluarga pengantin putri utawi keluarga bapak khamdani nyuwun aguning pangapunten ingkang mawantu wantu mbok menawi wonten ingkang kirang kresepi anggene nyambut panjengenagn sedoyo lan anggene paring pasuguhan. saklanjengipun ingkang pungksan sakbakdanipun adicoro meniko saking keluarga shohibil hajat bapak khamdani soho istri namung saget andongaken mugi" kunduripun panjenegan sedoyo pangomyong pengantin kankung selamet wilujeng boten manggihi alangan punopo.

Saking kulo pribadi mbok menawi wonten lepat aturipun  kaulo, kaulo nyuwung agunging samudro pangaksami akhir kalam ...
وبالله توفق والهذية 
والسلام عليكم ورحمة الله  وبركاته 
 

Post a Comment

Previous Post Next Post

Iklan 4

Iklan 5

Contact Form